Tentang Aku

Foto saya
Menerima pesanan eceran atau grosir aksesoris. hp 085743783750

Rabu, 24 Februari 2010

gara-gara tugas menulis, WADHUH!!!

Wadhuh!!!

“Jedher…” swara gludhug ngagetake Rudi kang lagi turu. Dheweke isih ngantuk nanging banjur tangi amarga kaget. “Asem ki, lagi penak-penak turu, eh malah ana gludhug.” “Jedher… dher… ”Kahanan ing jaba peteng dhedhet, medeni sanajan isih esuk amarga udane deres banget. Rudi ngucek-ucek mripate banjur deleng jam ing tembok, saiki jam 09.00 esuk. “wadhuh! telat iki!” Rudi kaget, mentas saka peturon, dheweke raup lan salin klambi. Nyaut tas kang semeleh ing jubin kamar banjur ngganggo mantol, sajak kesesa metu kos-kosan nuntun pit onthele. Anggone ngobel pedhal dicepetake supaya enggal tekan lan ora telat.
Rudi kuwi sejatine mahasiswa Jurusan Bahasa Jawa semester papat ing salah sijining Universitas kang ana ing Jogja, asale saka Magelang saengga dheweke ngekos. Kamar kos kang ambane mung 2x3 meter kuwi dadi omahe Rudi sawene kuliah ing Jogja. Senajan kamare cilik lan brantakan nanging Rudi krasan amarga kanca-kanca kose wis kadhung akrab. Rudi dudu jeneng asline, nalika lair bapake maringi nama Arya Susena. Dene Rudi kuwi mung paraban saka kanca-kancane, cekakan saka “awak kuru ndase gedhi” wong pancen awake Arya kuwi kuru ceking tur gundhule rada gedhe. Saiki malah luwih tenar ngganggo jeneng Rudi. Bocah kuwi kalebu mahasiswa kang aktif ing organisasi kampus, bisa sinebut aktivis kampus. Amarga gawean saliane kuliah ya ning organisasi. Sanajan ngono dheweke tetep sregep kuliah, ora ketung mung turu ing kelas ngebaki presensi. Nanging ya bolos yen ana kegiatan ing organisasi kang ora bias ditinggal lan penting.
Anggone ngobel pit onthel ngebut nganti ngos-ngosan amarga selak kepingin tekan kampus. Ora perduli adhem lan udan deres, sing ana ing pikirane mung ben ora telat anggone melu ujian. Tekan parkiran kampus Rudi enggal-enggal markirke pit onthele, banjur mlayu nuju kelase ndadak kepleset lan tiba barang. Sinambi ngampet lara, Rudi nerusake playune. Tekan ngarep kelas dosene wis masuk, dheweke ndeleng jam tangane, wis telat 30 menit. “wadhuh, telat!!”Rudi maju mundur pikirane arep mlebu apa ora amarga dosene wis nate ngendika yen bates maksimal mlebu kuliah Sastra Jawa kuwi setengah jam. Nanging senajan klambine klebus Rudi nekat mlebu, ”Alah paling ya ra papa, mesthi oleh ,mlebu!”
Rudi ndhodhog lawang kelas “Assalamuallaikum…”. Durung nganti dijawab salame dheweke gage nyedhaki Pak Narto, Dosen Sastra Jawa kang terkenal galak, sangar duwe jejuluk Mr Killer instinct lan ora seneng karo mahasiswa kang terlalu aktif ing organisasi tur telatan kaya Rudi, jarene ora fokus kuliah lan guwang-guwang wektu.
“Pak nyuwun pangapunten, kula telat amargi keturon, wau dalu wonten acara ing BEM (Badan Eksekutif Mahasiswa) dumugi injing”.
“Trus ngapa? Delengen kanca-kancamu lagi padha garap soal ujian, kowe lali yen saiki ujian?” ngendikane Pak Narto kanthi sengak lan galak.
“mboten Pak.”
Wangsulane Rudi rada lirih sinambi ndingkluk. Pak Narto saya nesu “La dene ngerti yen ana ujian kok ndadak ana acara telat barang, arep dadi apa kowe? Dadi aktivis sik gawewane demo kakean cangkem ning ora mrantasi kae? Ra penting!”
Sing diseneni mung anteng, meneng ora semahur apa-apa. “kowe dikuliahke adoh-adoh mrene kon golek ngilmu, ora mung organisasi wae!”bacute Pak Narto.
Kanca-kancane Rudi liane ora bisa konsentrasi anggone garap ujian amarga swarane pak Narto seru banget, kahanan kaya ngono mau malah dimanfaatke karo bocah-bocah kanggo turun-turunan, saingga nambahi dukane Pak Narto. Banjur ngandika kanthi swara nyindhir.
“Wis ora sah padha turun-turunan, kowe kabeh wis dadi mahasiswa, njur apa bedane karo bocah-bocah SMA kae! Kapan negarane arep maju yen generasi mudhane wae kaya ngene.”
Rudi lan kanca-kancane mung meneng. Pak Narto baleni anggone nyeneni Rudi alias Arya Susena, “Mas Arya, panjenengan menika sampun telat, klebus, kok wani mlebu kelas, ditambah sampun bolos kuliah kaping sekawan, saingga boten saget Derek ujian nggih, sumangga kula aturi medal saking papan menika!” ngandikane Pak Narto alus nanging jero banget nganyelke ati.
“Ananging pak,” durung rampung anggone Rudi kocap wis disaut balesan saka Pak Narto. “wis kana kuliah organisasi wae ben pinter demo.”
Rudi metu saka kelas, mlaku sempoyongan ra genah tujuane sinambi ngukur-ngukur sirahe sanajan ora gatel, dheweke ngrasa getun ngapa wingi-wingi ora mlebu, nanging uga jengkel karo Pak Narto amarga ngendikane mau nglarani ati, ndadak gawa-gawa organisasi barang. Jan-jane yen dipikir-pikir organisasi ki ya penting wong ing kana mahasiswa bisa sinau besosialisasi karo wong akeh saengga besuke luwih gampang yen nyemplung ing masyarakat sing saktenane. Tur meneh gaweyane ora mung kuliah lan turu ning kos nek lagi nggangur. Ra mutu babar blas to kuwi.
“Wadhuh..!!” lamunane Rudi buyar amarga nyandhung krakal.
“Wo dhasar krakal kurang ajar ra ngerti ana wong lagi susah malah mapan sakarepe dhewe.” Rudi saya nesu banjur krakal kuwi ditendhang meneh, “wadhuh biyung…lara tenan!” Ora lega atine nanging sansaya muring-muring amarga sikile lara nendhang krakal mau. Rudi bacutake lakune kang ora cetha kuwi.

“Di…Di…Rudi!” ana wong lanang nepuk-nepuk pundhak bocah kang esuk-esuk wis ndomblong lungguh ning ngarep kos, sajak kakean pikiran lan mung sangga wang wae. “Deg..!” jantung Rudi deg-degan kenceng amarga kaget, nanging ora metu ukara apa-apa saka cangkeme, banjur nerusake anggone nglamun.
“Kowe ki ngapa ta Di? Esuk-esuk kok wis ndomblong kaya ngono, kesambet kapok!” pitakone wong mau sing jebul Mas Adhit, kanca kose Rudi. Nanging tetep wae ora digubris, dheweke ijih meneng malah sansaya kaya wong linglung, ndomblong mung bisa ngethap-ngthipke mripat persis kaya robot ora krasa apa-apa, ora ngerti kahanan sakiwa tengene.
“Mbok crita, timbang diempet dhewe malah mumet nambahi susah!” untape Mas Adhit sing maune ngadeg saiki lungguh jejeri Rudi. “ana apa ta?”
Rudi narik ambegan dawa, banjur nyuwara, “ngene lho mas, aku wingi bar diunek-eneke dosen, jarene aktifis ki ora penting, terus meneh aku ora melu ujian amarga wis bolos ping papat, nanging yen take eling-eling kayane rung ana ping papat ki anggonku bolos.”
“la dene mung diseneni kaya ngono kok dipikir abot!”saurane Mas Adhit sing rada kaget lan aneh, apa bener Rudi wingi nemoni kahanan kaya ngono.
“Ora sepele lho mas, nek ra melu ujian rak ya wis cetha yen aku bakal ora lulus mata kuliah siji kuwi.”
“Alah ya dibaleni taun ngarep, gampang ta!” Sarane Mas Adhit.
“La piye mas nek aku oleh biji D, IP ku bakal mudun akeh, aku bisa kelangan beasiswaku. Sampeyan ngerti dhewe aku bisa kuliah ki ya merga beasiswa j. mulane aku melu organisasi barang ki gawe nilai plus. Yen ora oleh beasiswa meneh piye jal? ”Rudi ijih ngresula.
Ora mesakake nanging Mas Adhit malang nguyu “he..he..he..kowe ki Di, biji urung metu wis mikir adoh tekan ngendi-endi! Yen ngono mengko kok temoni dosene, dijak rembugan apik-apik, sapa ngerti dheweke bisa ngei kowe kesempatan.”
“Thithit…thithit…”ana swara HP jadul, katrok sik wis ketinggalan jaman, medhotake obrolane Rudi lan Mas Adhit. Jebul HPne Rudi sik muni, ana sms mlebu. “Tulisane satu pesan diterima”, mandang dibuka jebul sms saka Bambang, kanca kelase Rudi. Rudi deleng smse, diwaca nanging mung dibatin.
Rudi kaget, “Lho kok bisa! Wadhuh piye ta iki jan-jane!” Rudi bingung banjur dibaleni anggone maca sms saka Bambang mau kanthi seru. “Di, ujian Sastra Jawa Pak Narto dina iki jam sanga pindhah ing ruang PLU.101.” dheweke malah sansaya bingung.
Mas Adhit malah mung guyu weruh tingkahe Rudi, banjur ngandhani, “ha..ha..ha..piye ta Di, coba ditiliki dhisik jadwal kuliahmu, saiki dina apa, Kemis ta!”
Rudi mlebu kamare, banjur niliki jadwal kuliah sing ditempel ing tembok. Ing kana tinulis jadwal kuliah dina Kemis Sastra Jawa jam sanga.
“We!” Rudi kaget baget, dheweke gumun campur bingung, “La aku wing wis mangkat kuliah Pak Narto, malah disenen-seneni ra oleh melu ujian ta!” Rudi mikir sedela banjur baleni ndeleg jadwal. “saiki bener dina kemis ta mas?” Rudi takon karo mas Adhit. “ya bener!” wangsulane.
“La dalah jane sapa sik kliru, apa aku wingi salah jadwal, apa malah Pak Narto sik kleru, ora, iki mesthi ana sik kleru, nanging apa ya mas ya?”Rudi mikir sinambi ngukur rambute.
“Ya mbuh” Mas Adhit jawab entheng, nyambi cekikikan banjur jelaske “Selasa wingi kowe ana acara ning BEM tekan rebo esuk to! Mandang tekan kos kowe lansung tepar digugah bocah-bocah ra tangi, malah nglindur nyambi mencak-mencak! anggonmu turu tekan esuk meneh, ra kelingan ta kowe?”
Rudi rada ra percaya “trus Pak Narto nyeneni aku kapan?”
Mas Adhit tambah ngakak “ha..ha..ha.. yo ning ngimpimu kuwi le.. le..!”
Rudi nyadhar, tibane mung mesem, isin campur seneng amarga pikirane sik wis tekan adoh mau urung dadi kasunyatan, ijih bisa diubah yen rudi melu ujian dina iki. Bocah loro mau padha guyu ngakak nganti kanca-kanca kos liane padha nyedhak, melu gabung, banjur melu kepingkel-pingkel barang dicritani kadadean sik wis dilakoni Rudi.
Ora krasa wis jam sanga awan, “Di jam pira iki aku arep adus j?” ana kancane sing takon, Rudi ngijen jam ing kamare saka cendela. “We, jam sanga, waduh telat ki!” tanpa mikir dawa, Rudi mlebu kamar, nyaut tas, nganggo sepatu, banjur nggenjling mangkat ning kampus ora sadhar yen dheweke urung adus, rambute awul-awulan, malah ijih kaosan lan ngganggo sarung. Sik ana ing pikirane mung ben ora diusir saka kelas lan bisa melu ujian.
“He…! Di, salin sik! ” Kanca-kanca kos sik padha nyelukake ora digubris, mbuh ora krungu apa selak kesesane, Rudi numpak onthele kanthi semangat kaya arep perang. Bocah-bocah kos mung padha cekakaan ndeleng tingkahe Rudi sing ngaku aktivis sejati mau menyang kampus nganggo sarung. Hehehe…


Tiwi

2 komentar: