Pandhawa
Mireng tembung Pandhawa bayangan kita badhe wonten sedulur kakung cacah gangsal ingkang gagah prakosa ingkang wonten ing carita Mahabarata. Pandawa menika Puntadewa minangka pambarep, Werkudara ingkang nomer kalih, Arjuna minangka panengah, uga kembar Nakula lan Sadewa minangka wuragil. Pandawa menika putranipun Prabu Pandu Dewanata ratu ing Negara Astina. Prabu Pandu nggadhahi garwa kalih inggih menika Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Dewi Kunthi ibunipun Yudhistira, Werkudara, lan Arjuna, wondene Dewi Madrim ngaliraken Nakula lan Sadewa.
Nalikanipun tasih alit, Pandhawa sampun dipun tilar donya kaliyan ramanipun Prabu Pandu Dewanata, ugi Dewi Madrim seda nalika nglairaken Nakula lan Sadewa. Saingga Dewi Kunthi ingkang momong Pandhawa dumugi dewasa kanthi boten benten-bentenaken putranipun antawisipun putranipun piyambak menapa kaliyan Nakula lan Sadewa sadaya sami. Wonten ing nggandhap menika badhe kaandharaken tokoh-tokoh Pandhawa setunggal-setunggal:
1. Yudhistira
Yudhistira menika putra pambarep Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Kunthi. Ingkang minangka titisanipun Bathara Darma. Dasanamanipun Yudhistira inggih menika Puntadewa, Darmakusuma, Darmaputra, Dwijakangka. Garwanipun Yudhistira inggih menika Dewi Drupadi nggadhahi putra setunggal ingkang nama Pancawala. Yudhistira rahipun pethak saingga watakipun sabar, jujur, nrima ing pandum, boten gampil duka bok bilih mboten nate duka, boten purun goroh, wicaksana, adil, bekti mring Gusti.
Yudhistira minangka ratu ing Amarta nggadhahi pusaka Jamus Kalimasada paringganipun Bathara Darma. Pusaka ingkang ampuh, boten wonten Dewa menapa manungsa ingkang saget nandhingi. Salaminipun gesang, Yudhistira nglampahi perang namung sepisan, inggih menika nglawan senapati Kurawa ingkang nama Prabu Salya, wonten ing perang Baratayuddha. Prabu Salya menika namung saged dipun kalahaken kaliyan tiyang ingkang nggadhahi ludira pethak, boten sanes malih inggih punika Yudhistira. Sasampunipun perang Baratayuddha paripurna, para Padhawa kaliyan Dewi Drupadi ngumbara nggayuh kasuwargan. Saking lima pandhawa menik namung Yudhistira ingkang saged nuju surga kanthi boten mawi pejah rumiyin, amargi Yudhistira panci nggadhahi sipat ingkang sae lan sempurna.
2. Werkudara
Werkudara, putra ingkang nomer kalih Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Kunthi. Wekudara menika titisanipun bataea Bayu (angin). Dasanamanipun Werkudara inggih punika : Bratasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jaya Laga, dan Prabancoro Siwi, mapan wonten ing kssatriyan Jodhipati. Nalikanipun lair, Werkudara menika awujud bungkus, sadaya senjata boten empan kangge nyuwek bungkus, namung Gajah Sena ingkang saget mecah bungkus menika, saingga Werkudara dipun asmani Bratasena.
Bima menika boten saged ngendika mawi basa karma. Kajaba kaliyan Dewa Ruci, dhumateng sinten kemawon ngendikanipun mawi ngoko. Nanging Bima nggadhahi watak ksatriya, remen tetulung, tresna marang sedulur, bekti kaliyan tiyang sepuh lan gurunipun, tepa ing janji lan adil.
Werkudara nggadhahi garwa tiga inggih punika Dewi Nagagini ingkang nglairaken putra Raden Antareja, Dewi Arimbi nglairaken putra Gatutkaca, lan Dewi Urangayu ingkang nglairaken Raden Antasena. Pusakanipun Raden Werkudara antawisipun Kuku pancanaka, Gada Rujakpolo, lan lambitamuka. Ajianipun Bandung Bandawasa, Ungkal Bener, Blanak Pengantol-antol, saha Bayu Bajra.
3. Arjuna
Putra panengah Pandhawa menika nggadhahi dasa nama Janaka, Permadi, Dananjaya, Indratanaya, palguna, Jahnawi, Kumang Ali-aliali, Suparta, Margana, Pamade. Arjuna menika remen tetulung lan remen tapabrata. Minangka satriya ing Madukara, Arjuna nggadhahi senjata antawisipun Panah Pasopati, Keris Pulanggeni, panah Sarotama, keris Kalanadah, dene ajianipun aji panglimunan, aji sepi angin, lsp.
Amargi arjuna menika bagus, saingga garwanipun kathah, antawisipun Sembadra, Sri Kandhi, Larasati, Dresanala, Dewi Supraba, Dewi Ulupi, lsp. Jalaran garwaniun kathah, Arjuna pikantuk sebutan “lananing jagad” uga amargi sekti mandraguna lan watak ksatriyanipun.
4. Nakula
Nakula kembar kaliyan Sadewa, putranipun Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Madrim, dasanamanipun Nakula inggih punika Pinten, Tripala. Nakula menika satriya ing Sawojajar, garwanipun Dewi Soka, nggadhahi putra kalih inggih punika Dewi Pranati lan bambang Pranusinta. Nakula nggadhahi watar bela kabecikan, lan pinter ing babagan ilmu pengetahuan.
5. Sadewa
Sedulur kembaranipun nakula, nggadhahi dasanama Tangsen, Darmafranti. Asmanipun garwa inggih punika Dewi Srengginiwati lan nggadhahi putra Bambang Sidapaksa. Sadewa satriya ing Bumi retawu. Garwa sanesipun inggih menika Dewi Pradapa, ingkang nggadhahi putra Raden Subekti lan Dewakusuma.
Ing lakin Sudamala, Sadewa dados lantara ingkang saged ngruwat Bathari Durga ingkang awujud raseksi pulih ing wujud aslinipun inggih menipa bathari Uma ingkang parasipun ayu. Nalika Baratayuddha paripurna. Nakula lan Sadewa gugur ing dalan nalika ngumbara nuju surga, lajeng pun susul kaliyan guguripun kadang Pandhawa sanesipun inggih menika Arjuna saha Werkudara.
Menika wau sekedhik babagan toko-tokoh Pandhawa. Sipat-sipat Pandhawa menika minangka pralambang kasampurnaning manungsa. Sok sintena ingkang saged nggadhahi sipat kados Pandhawa badhe pikantuk kasampurnan urip. Mugi saged manfaat kagem panjenengan sadaya. Matur nuwun.
(Tiwi07)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar