Tentang Aku
Senin, 10 Mei 2010
Rabu, 24 Maret 2010
Rabu, 17 Maret 2010
JIKA AKU DEWI PERTIWI KEKASIH SANG KRESNA

JIKA AKU TOKOH WAYANG
Jika aku adalah tokoh wayang, aku ingin menjadi tokoh wanita yang tangguh. Bukan Srikandhi yang gagah berani serta sakti dalam ilmu perang, juga buka Drupadi yang mampu menjadi istri dari ke lima Pandawa, bahkan bukan pula Dewi Kunthi kekasih prabu Dewanata yang berhasil mendidik dan membesarkan Pandawa.
Dewi Pertiwi, itulah yang aku inginkan. Seorang tokoh wanita yang kurang dikenal dan hanya orang yang tahu tentang kisahnya. Dewi Pertiwi merupakan salah satu istri dari Prabu Kresna. Meskipun perannya dalam pakeliran tidak begitu menonjol tetapi Dewi Pertiwi bisa dianggap perlu diperhitungkan.
Dewi Pertiwi adalah putri Prabu Nagaraja, raja di kerajaan Sumur Jalatunda.
ia mempunyai adik kandung bernama Bambang Pratiwanggana.
Dewi Pertiwi sesungguhnya istri Bathara Wisnu, Dewa keadilan dan kesejahteraan.
Ketika Bathara Wisnu turun ke Mancapda dan menitis pada Narayana/Prabu Kresna. Dewi Pratiwi ikut menjadi isteri Prabu Kresna. Kedua putranya, yaitu : Bambang Sitija dan Dewi Siti Sundari, juga ikut turun sebagai putra Prabu Kresna.
Bambang Sitija menjadi raja di negara Surateleng dan bergelar Prabu Bomanarakasura.
Sedangkan Dewi Siti Sundari menjadi isteri Abimanyu atau Angkawijaya, putra Arjuna dengan Dewi Sumbadra.
Dewi Pertiwi berwatak setia, jujur, penuh belas kasih, dan sangat berbakti. Ia sangat sakti dan memiliki pusaka Cangkok Wijayamulya, yang kemudian diberikan kepada putranya, Sitija.
Dilihat dari sisi sang suami yaitu Prabu Kresna, ia mempunyai peran penting dalam usaha perdamaian antara pandawa dan kurawa. Ketika dalam lakon Kresna Duta, dimana Kresna sebagai utusan Pandawa ingin mengajukan jalan damai kepada Kurawa dan Kurawa menolaknya mentah-mentah. Kresnapun marah besar hingga dari pihak Kurawa tidak ada yang berani melawannya karena Kresna telah berubah menjadi Wisnu.
Banyak orang mengatakan bahwa dibalik sosok pemimpin hebat, dibelakangnya terdapat wnita atau pendamping yang hebt pula. Begitu pula yang saya percayai ketika Prabu Kresna yang begitu hebat membantu dan membimbing Pandawa dalam Baratayudha. Pasti dibalik ini semua terdapat peran Dewi Pertiwi yang begitu tangguh dan setia menemani Suaminya bertempur.
Alangkah baiknya jika wanita jaman sekarang meniru dan mengikuti jejak Dewi Pertiwi yang dengan setia menemani dan mendukung suaminya ketika dalam masalah, bukannya meninggalkan jika sedang susah. Dan jangan hanya melihat kelemahan wanita, karena dibalik kelemahan tersebut tersimpan kasih sayang dan kesetiaan yang sangat diperlukan bagi laki-laki dalam mengarungi kehidupan.
Rabu, 10 Maret 2010
CANDHI ASU ING MAGELANG

CANDHI ASU PANINGGALANE BUDAYA HINDHU
Candhi Asu kang dununge ana ing Desa Candi Pos, Kelurahan Sengi, Kecamatan Dukun, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah dadi salah siji bukti patilasan budaya Hindhu ing Jawa. Candhi Asu iki mapane ana ing sangisore gunung Merapi. Sejatine ana candhi loro kang sinebut Candhi Asu, yaiku Candhi Asu ing Prambanan lan Candhi Asu ing Magelang ya candhi kang bakal diomongake iki.
Menawa kepingin dolan mrana dalane gampang, saka arah Jogja, yen wis tekan prapatan Blabak menggok kiwa, padha karo dalan ning Ketep Pass. Bedane yen wis tekan Tlatar lurus tekan Ketep Pass, dene dalan ning Candhi Asu sing menggok nengen, mengko kira-kira telung kilo wis tekan candhine. Candhi Asu gampang golekane, wong mung blusuk sawah sithik kira-kira limang meteran saka dalan gedhe ana sisih tengen dalan. Yen mrana nanging ora gawa kendharaan pribadi, bisa numpak angkot saka Blabak melu jalur Sawangan, terus mudun Tlatar mengko mlaku tekan Candhi Asu uga bisa, amarga saka Tlatar tekan candhine ora ana angkot.
Candhi iki mapan ing tengah sawah, saingga aja gumun yen wis ketutupan dhuwuring suket lan sawah-sawah sing ngapit kiwa tengene. Wingi nalika aku dolan mrana, sawah ing ngarepan candi lagi panen lombok. Candhi Asu dipageri kawat gawe bates komplek candhi karo pesawahan kang ambane mung rong meter saka candhi, saenga rada ciut yen gawe liwat.
Sanadyan kompleks Candhi Asu iki mung cilik nanging resik amarga saben dinane disaponi lan diresiki karo juru kuncine kang asmane Pak Narto. Pak Narto ditugasi pamarintah supaya njaga lan ngresiki Candhi Asu wis kawit Candhi Asu kuwi ditemokake, dene saiki wis sepuh tugas mau dipasrahke anake yaiku Mas Wahyu. Miturut Pak Jumad minangka petugas ing Candhi Asu, komplek candhi iku nate diambake karo Balai Perlindhungan Peninggalan Purbakala dicekak BP3 Jawa Tengah, nanging mung ngambakake dalan sing tekan candhi. Maune dalane ciut, mung cukup gawe mlaku wong siji, saiki wis kena gawe liwat montor nanging aspale wis rusak amarga wis 10 taun durung didandani maneh.
Candhi Asu iki minangka patilasan saka budaya Hindhu. Prakara tegese jeneng candhi iki ana rong panemu. Sing sepisan dijenengi Candhi Asu amarga ing sacedhake candhi ana reca Lembu Nandhi, titihane Dewa Siwa sing karo wong-wong kana dianggep asu. Dene panemu nomer loro tembung asu kuwi saka Basa Sansekerta “Aswa” sing tegese ngaso utawa panggonan kanggo ngleremke awak. Nyawang saka tembung asline mau, bisa dikira-kira yen Candhi Asu iki dibangun kanggo sarana ngaso.
Didelok saka bentuk bangunane nalika ditemokake, dinyana yen Candhi Asu iki durung rampung dibangun, ngono kuwi ujare Pak Jumad (47). Candhi Asu wujude segi papat (bujur sangkar) kanthi ukuran 7,94 m, dhuwure sikil candhi 2,5 m, dene dhuwure awak candhi 3,35m, pucuking candhi ora konangan amarga wis runtuh lan saperangan watu-watune padha ilang, salah sawijine sebab runtuhe pucuk candhi yaiku amarga gunung Merapi sing nate njebluk, saengga matrial-matrial gunung nutupi candhi lan ngembruke pucuke candhi. Anane gunung Merapi uga duweni manfaat gawe wong-wong kana, amarga lemah ing daerah ngisor gunung Merapi kuwi subur.
Kaluwihan liane sing diduweni Candhi Asu yaiku ing jero candi ana rong (bolongan) kaya sumur sing jerone kira-kira 2 meter lan ambane 1,3 meter. Nanging sumur kuwi mau wis kothong utawa ora ana isine (banyu). Miturut arkeolog Soekmono (Purbakala Jawa Tengah) sumur iku maune dianggo gawe papan pamujan utawa manembah mring leluwur.
Candhi-candhi biasane ana prasasti gawe panunjuk silsilahe candhi utawa kauripan ing papan kana biyen. Ing cedhak candhi Asu uga ditemokake prasasti loro. Prasasti iku dijenengi Prasasti Sri Manggala I lan Prasasti Sri Manggala II nanging ana uga sing ngarani prasasti Kurambitan I lan Prasasti Kurambitan II. Prasasti iku bentuke tugu (lingga) kang mratelakake yen ana candhi 3 yaiku candhi Asu, candhi Pendhem lan candhi Lumbung kang digawe taun 869 Masehi. Prasati iku kawetokake dening Pamgat Tirutanu Pu Apus sing mratelakake yen candhi telu mau kanggo bangunan suci (Salingsingan). Prasasti iku digawe taun 874 masehi. Lan saiki wis disipen pamarintah, ora disandhingke ing Candhi Asu.
Pirang meter saka Candhi Asu ana kali Tlingsing lan kali Pabelan. Jeneng kali Tlingsing iku isa saka tembung talingsing utawa salingsing sing ana gegayutane karo tembung Talingsing. Banyu ing kali Tlingsing kuwi bening banget dene banyu kali Pebelan buthek amarga akeh matreal gunung Merapi kang kathut ing banyu kali kuwi.
Ora kaya Candhi Borobudur utawa candhi-candhi liane, ing Candhi Asu ora ana pos penjagaan kanggo ngamanake candhi saka maling utawa wong-wong sing kepingin ngrusak. Mung ana papan nama candhi sing mratelakake yen Candhi Asu kuwi cagar budaya, uga dipasang kutipan Undhang-udhang Nomer 5 taun 1992 babagan benda cagar budaya kang isine ancaman ukum kanggo sapa wae kang ngrusak lan jupuk barang-barang mau.
Keamanan candhi cukup ngendelake siskampling utawa patroli keamanan desa uga karo pengamatan saka masyarakat kana. Pak Jumad mratelakake yen urung nate ana maling ing candi telu mau. Mung tau ana watu-watu kang ilang biyen nalikan Walanda ijih njajah Indonesia. Kayata reca Lembu Nandhi saiki ditemokake ing Landa, sejatine pamarintah Landa wis arep balekake nanging pamarentah Magelang during duwe ragat gawe jupuk mrana.
Sanadyan Candhi Asu gedhene ora padha Candhi Borobudur, nanging Candhi Asu uga rame padha diparani, milgine turis manca negara. Ana kang saka China, Jepang, Inggris, Prancis, lan saka negara liane. Turis-turis mau kajaba nonton candhi lan uga ana kang sembahyang, mligine turis manca saka Jepang. Ditambah meneh, mlebung ing Candhi Asu kuwi ora ana tiket mlebune utawa gratis. Miturut wong-wong kana, biyen nalikane durung ana bom Bali turis kang dolan ing Candhi Asu akeh lan rame, sasat saben dina ora leren, dene saiki ya rada kelong nanging tetep ana wae saben dina sing teka.
Turis domestik uga ana kang mrana nanging ora akeh kaya turis manca, wong-wong iku biasane ya wong sing duwe kapentingan karo candhi kayata arkeolog lan peziarah candhi. Arkeolog sing pingin sinau lan gawe paneliten babagan candhi padha mrana. Dene peziarah utawa wong-wong kang seneng golek ngilmu kaluwihan akeh uga kang tapa ing kana. Kaya sing dilakoni para seniman lan seniwati saka Mendhut lan Borobudur kang kerep ziarah candhi-candhi sing ana ing Magelang. Salah sijine ya candhi Asu mau kalebu papan kang diparani. Ing kana para peziarah mau ana sing gawa sesaji awujud kembang mawar, uga ana kang semedi lan ndedonga ing kana. Kajaba golek ngilmu gaib para seniman kuwi pingin nguri-iru paninggalane leluwur.
Ing sacedhaking Candhi Asu uga ana candhi loro kang uga paninggalane Hindu yaiku Candhi Pendhem lan Candhi Lumbung. Candhi loro mau gedhene meh padha karo Candhi Asu. Ora sepira adohe saka Candhi Asu mung kurang luwih sekilometer, nanging dalane mrana durung apik ijih menggak-menggok lewat galengan sawah, tur meneh saiki jembatan kali Pabelan kang nyambungke dalan saka Candhi Asu nuju candhi Lumbung pedhot jalaran kena lahar adhem nalika gunung Merapi njebuk telung taun kepungkur, lan saiki nembe arep dibangun meneh.
Dijenengi candhi Pendhem amarga candhi kuwi maune kependhem nalika ditemokake. Miturut wong-wong kana candhi pendhem kuwi menawa digudhuk tekan ngisor gedhene bisa madhani candhi Borobudur. Nanging saiki mung dhuwure sing ketok Dene candhi Lumbung dijenengi ngono amarga candi kuwi maune digunakake kanggo nyimpen pari. Candhi iki ana ing tengah sawah lan cedhak banget karo kali Pabelan, kira-kira ya mung sameteran saka kali. Candhi telu mau kabeh madhep ngulon. Ing tengah candhi Lumbung uga ana bolongan kaya ing Candhi Asu mung ning kana malah ana reruntuhan candhi.
Kajaba bisa nonton lan sinau sejarah patilasan Candhi Asu, dolan mrana ora rugi amarga pemandhangan endhah disuguhake ing sakiwa tengene candhi, akeh tanduran pari, lombok, kubis, lan maneka warna tanduran holtikultura khas daerah adhem liane. Hawane kang isih alami lan resik urung kena polusi gawe sehat lan nentremke ati.
Kamis, 25 Februari 2010
Pandawa Putra Pandu
Pandhawa
Mireng tembung Pandhawa bayangan kita badhe wonten sedulur kakung cacah gangsal ingkang gagah prakosa ingkang wonten ing carita Mahabarata. Pandawa menika Puntadewa minangka pambarep, Werkudara ingkang nomer kalih, Arjuna minangka panengah, uga kembar Nakula lan Sadewa minangka wuragil. Pandawa menika putranipun Prabu Pandu Dewanata ratu ing Negara Astina. Prabu Pandu nggadhahi garwa kalih inggih menika Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Dewi Kunthi ibunipun Yudhistira, Werkudara, lan Arjuna, wondene Dewi Madrim ngaliraken Nakula lan Sadewa.
Nalikanipun tasih alit, Pandhawa sampun dipun tilar donya kaliyan ramanipun Prabu Pandu Dewanata, ugi Dewi Madrim seda nalika nglairaken Nakula lan Sadewa. Saingga Dewi Kunthi ingkang momong Pandhawa dumugi dewasa kanthi boten benten-bentenaken putranipun antawisipun putranipun piyambak menapa kaliyan Nakula lan Sadewa sadaya sami. Wonten ing nggandhap menika badhe kaandharaken tokoh-tokoh Pandhawa setunggal-setunggal:
1. Yudhistira
Yudhistira menika putra pambarep Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Kunthi. Ingkang minangka titisanipun Bathara Darma. Dasanamanipun Yudhistira inggih menika Puntadewa, Darmakusuma, Darmaputra, Dwijakangka. Garwanipun Yudhistira inggih menika Dewi Drupadi nggadhahi putra setunggal ingkang nama Pancawala. Yudhistira rahipun pethak saingga watakipun sabar, jujur, nrima ing pandum, boten gampil duka bok bilih mboten nate duka, boten purun goroh, wicaksana, adil, bekti mring Gusti.
Yudhistira minangka ratu ing Amarta nggadhahi pusaka Jamus Kalimasada paringganipun Bathara Darma. Pusaka ingkang ampuh, boten wonten Dewa menapa manungsa ingkang saget nandhingi. Salaminipun gesang, Yudhistira nglampahi perang namung sepisan, inggih menika nglawan senapati Kurawa ingkang nama Prabu Salya, wonten ing perang Baratayuddha. Prabu Salya menika namung saged dipun kalahaken kaliyan tiyang ingkang nggadhahi ludira pethak, boten sanes malih inggih punika Yudhistira. Sasampunipun perang Baratayuddha paripurna, para Padhawa kaliyan Dewi Drupadi ngumbara nggayuh kasuwargan. Saking lima pandhawa menik namung Yudhistira ingkang saged nuju surga kanthi boten mawi pejah rumiyin, amargi Yudhistira panci nggadhahi sipat ingkang sae lan sempurna.
2. Werkudara
Werkudara, putra ingkang nomer kalih Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Kunthi. Wekudara menika titisanipun bataea Bayu (angin). Dasanamanipun Werkudara inggih punika : Bratasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jaya Laga, dan Prabancoro Siwi, mapan wonten ing kssatriyan Jodhipati. Nalikanipun lair, Werkudara menika awujud bungkus, sadaya senjata boten empan kangge nyuwek bungkus, namung Gajah Sena ingkang saget mecah bungkus menika, saingga Werkudara dipun asmani Bratasena.
Bima menika boten saged ngendika mawi basa karma. Kajaba kaliyan Dewa Ruci, dhumateng sinten kemawon ngendikanipun mawi ngoko. Nanging Bima nggadhahi watak ksatriya, remen tetulung, tresna marang sedulur, bekti kaliyan tiyang sepuh lan gurunipun, tepa ing janji lan adil.
Werkudara nggadhahi garwa tiga inggih punika Dewi Nagagini ingkang nglairaken putra Raden Antareja, Dewi Arimbi nglairaken putra Gatutkaca, lan Dewi Urangayu ingkang nglairaken Raden Antasena. Pusakanipun Raden Werkudara antawisipun Kuku pancanaka, Gada Rujakpolo, lan lambitamuka. Ajianipun Bandung Bandawasa, Ungkal Bener, Blanak Pengantol-antol, saha Bayu Bajra.
3. Arjuna
Putra panengah Pandhawa menika nggadhahi dasa nama Janaka, Permadi, Dananjaya, Indratanaya, palguna, Jahnawi, Kumang Ali-aliali, Suparta, Margana, Pamade. Arjuna menika remen tetulung lan remen tapabrata. Minangka satriya ing Madukara, Arjuna nggadhahi senjata antawisipun Panah Pasopati, Keris Pulanggeni, panah Sarotama, keris Kalanadah, dene ajianipun aji panglimunan, aji sepi angin, lsp.
Amargi arjuna menika bagus, saingga garwanipun kathah, antawisipun Sembadra, Sri Kandhi, Larasati, Dresanala, Dewi Supraba, Dewi Ulupi, lsp. Jalaran garwaniun kathah, Arjuna pikantuk sebutan “lananing jagad” uga amargi sekti mandraguna lan watak ksatriyanipun.
4. Nakula
Nakula kembar kaliyan Sadewa, putranipun Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Madrim, dasanamanipun Nakula inggih punika Pinten, Tripala. Nakula menika satriya ing Sawojajar, garwanipun Dewi Soka, nggadhahi putra kalih inggih punika Dewi Pranati lan bambang Pranusinta. Nakula nggadhahi watar bela kabecikan, lan pinter ing babagan ilmu pengetahuan.
5. Sadewa
Sedulur kembaranipun nakula, nggadhahi dasanama Tangsen, Darmafranti. Asmanipun garwa inggih punika Dewi Srengginiwati lan nggadhahi putra Bambang Sidapaksa. Sadewa satriya ing Bumi retawu. Garwa sanesipun inggih menika Dewi Pradapa, ingkang nggadhahi putra Raden Subekti lan Dewakusuma.
Ing lakin Sudamala, Sadewa dados lantara ingkang saged ngruwat Bathari Durga ingkang awujud raseksi pulih ing wujud aslinipun inggih menipa bathari Uma ingkang parasipun ayu. Nalika Baratayuddha paripurna. Nakula lan Sadewa gugur ing dalan nalika ngumbara nuju surga, lajeng pun susul kaliyan guguripun kadang Pandhawa sanesipun inggih menika Arjuna saha Werkudara.
Menika wau sekedhik babagan toko-tokoh Pandhawa. Sipat-sipat Pandhawa menika minangka pralambang kasampurnaning manungsa. Sok sintena ingkang saged nggadhahi sipat kados Pandhawa badhe pikantuk kasampurnan urip. Mugi saged manfaat kagem panjenengan sadaya. Matur nuwun.
(Tiwi07)
Rabu, 24 Februari 2010
gara-gara tugas menulis, WADHUH!!!
Wadhuh!!!
“Jedher…” swara gludhug ngagetake Rudi kang lagi turu. Dheweke isih ngantuk nanging banjur tangi amarga kaget. “Asem ki, lagi penak-penak turu, eh malah ana gludhug.” “Jedher… dher… ”Kahanan ing jaba peteng dhedhet, medeni sanajan isih esuk amarga udane deres banget. Rudi ngucek-ucek mripate banjur deleng jam ing tembok, saiki jam 09.00 esuk. “wadhuh! telat iki!” Rudi kaget, mentas saka peturon, dheweke raup lan salin klambi. Nyaut tas kang semeleh ing jubin kamar banjur ngganggo mantol, sajak kesesa metu kos-kosan nuntun pit onthele. Anggone ngobel pedhal dicepetake supaya enggal tekan lan ora telat.
Rudi kuwi sejatine mahasiswa Jurusan Bahasa Jawa semester papat ing salah sijining Universitas kang ana ing Jogja, asale saka Magelang saengga dheweke ngekos. Kamar kos kang ambane mung 2x3 meter kuwi dadi omahe Rudi sawene kuliah ing Jogja. Senajan kamare cilik lan brantakan nanging Rudi krasan amarga kanca-kanca kose wis kadhung akrab. Rudi dudu jeneng asline, nalika lair bapake maringi nama Arya Susena. Dene Rudi kuwi mung paraban saka kanca-kancane, cekakan saka “awak kuru ndase gedhi” wong pancen awake Arya kuwi kuru ceking tur gundhule rada gedhe. Saiki malah luwih tenar ngganggo jeneng Rudi. Bocah kuwi kalebu mahasiswa kang aktif ing organisasi kampus, bisa sinebut aktivis kampus. Amarga gawean saliane kuliah ya ning organisasi. Sanajan ngono dheweke tetep sregep kuliah, ora ketung mung turu ing kelas ngebaki presensi. Nanging ya bolos yen ana kegiatan ing organisasi kang ora bias ditinggal lan penting.
Anggone ngobel pit onthel ngebut nganti ngos-ngosan amarga selak kepingin tekan kampus. Ora perduli adhem lan udan deres, sing ana ing pikirane mung ben ora telat anggone melu ujian. Tekan parkiran kampus Rudi enggal-enggal markirke pit onthele, banjur mlayu nuju kelase ndadak kepleset lan tiba barang. Sinambi ngampet lara, Rudi nerusake playune. Tekan ngarep kelas dosene wis masuk, dheweke ndeleng jam tangane, wis telat 30 menit. “wadhuh, telat!!”Rudi maju mundur pikirane arep mlebu apa ora amarga dosene wis nate ngendika yen bates maksimal mlebu kuliah Sastra Jawa kuwi setengah jam. Nanging senajan klambine klebus Rudi nekat mlebu, ”Alah paling ya ra papa, mesthi oleh ,mlebu!”
Rudi ndhodhog lawang kelas “Assalamuallaikum…”. Durung nganti dijawab salame dheweke gage nyedhaki Pak Narto, Dosen Sastra Jawa kang terkenal galak, sangar duwe jejuluk Mr Killer instinct lan ora seneng karo mahasiswa kang terlalu aktif ing organisasi tur telatan kaya Rudi, jarene ora fokus kuliah lan guwang-guwang wektu.
“Pak nyuwun pangapunten, kula telat amargi keturon, wau dalu wonten acara ing BEM (Badan Eksekutif Mahasiswa) dumugi injing”.
“Trus ngapa? Delengen kanca-kancamu lagi padha garap soal ujian, kowe lali yen saiki ujian?” ngendikane Pak Narto kanthi sengak lan galak.
“mboten Pak.”
Wangsulane Rudi rada lirih sinambi ndingkluk. Pak Narto saya nesu “La dene ngerti yen ana ujian kok ndadak ana acara telat barang, arep dadi apa kowe? Dadi aktivis sik gawewane demo kakean cangkem ning ora mrantasi kae? Ra penting!”
Sing diseneni mung anteng, meneng ora semahur apa-apa. “kowe dikuliahke adoh-adoh mrene kon golek ngilmu, ora mung organisasi wae!”bacute Pak Narto.
Kanca-kancane Rudi liane ora bisa konsentrasi anggone garap ujian amarga swarane pak Narto seru banget, kahanan kaya ngono mau malah dimanfaatke karo bocah-bocah kanggo turun-turunan, saingga nambahi dukane Pak Narto. Banjur ngandika kanthi swara nyindhir.
“Wis ora sah padha turun-turunan, kowe kabeh wis dadi mahasiswa, njur apa bedane karo bocah-bocah SMA kae! Kapan negarane arep maju yen generasi mudhane wae kaya ngene.”
Rudi lan kanca-kancane mung meneng. Pak Narto baleni anggone nyeneni Rudi alias Arya Susena, “Mas Arya, panjenengan menika sampun telat, klebus, kok wani mlebu kelas, ditambah sampun bolos kuliah kaping sekawan, saingga boten saget Derek ujian nggih, sumangga kula aturi medal saking papan menika!” ngandikane Pak Narto alus nanging jero banget nganyelke ati.
“Ananging pak,” durung rampung anggone Rudi kocap wis disaut balesan saka Pak Narto. “wis kana kuliah organisasi wae ben pinter demo.”
Rudi metu saka kelas, mlaku sempoyongan ra genah tujuane sinambi ngukur-ngukur sirahe sanajan ora gatel, dheweke ngrasa getun ngapa wingi-wingi ora mlebu, nanging uga jengkel karo Pak Narto amarga ngendikane mau nglarani ati, ndadak gawa-gawa organisasi barang. Jan-jane yen dipikir-pikir organisasi ki ya penting wong ing kana mahasiswa bisa sinau besosialisasi karo wong akeh saengga besuke luwih gampang yen nyemplung ing masyarakat sing saktenane. Tur meneh gaweyane ora mung kuliah lan turu ning kos nek lagi nggangur. Ra mutu babar blas to kuwi.
“Wadhuh..!!” lamunane Rudi buyar amarga nyandhung krakal.
“Wo dhasar krakal kurang ajar ra ngerti ana wong lagi susah malah mapan sakarepe dhewe.” Rudi saya nesu banjur krakal kuwi ditendhang meneh, “wadhuh biyung…lara tenan!” Ora lega atine nanging sansaya muring-muring amarga sikile lara nendhang krakal mau. Rudi bacutake lakune kang ora cetha kuwi.
“Di…Di…Rudi!” ana wong lanang nepuk-nepuk pundhak bocah kang esuk-esuk wis ndomblong lungguh ning ngarep kos, sajak kakean pikiran lan mung sangga wang wae. “Deg..!” jantung Rudi deg-degan kenceng amarga kaget, nanging ora metu ukara apa-apa saka cangkeme, banjur nerusake anggone nglamun.
“Kowe ki ngapa ta Di? Esuk-esuk kok wis ndomblong kaya ngono, kesambet kapok!” pitakone wong mau sing jebul Mas Adhit, kanca kose Rudi. Nanging tetep wae ora digubris, dheweke ijih meneng malah sansaya kaya wong linglung, ndomblong mung bisa ngethap-ngthipke mripat persis kaya robot ora krasa apa-apa, ora ngerti kahanan sakiwa tengene.
“Mbok crita, timbang diempet dhewe malah mumet nambahi susah!” untape Mas Adhit sing maune ngadeg saiki lungguh jejeri Rudi. “ana apa ta?”
Rudi narik ambegan dawa, banjur nyuwara, “ngene lho mas, aku wingi bar diunek-eneke dosen, jarene aktifis ki ora penting, terus meneh aku ora melu ujian amarga wis bolos ping papat, nanging yen take eling-eling kayane rung ana ping papat ki anggonku bolos.”
“la dene mung diseneni kaya ngono kok dipikir abot!”saurane Mas Adhit sing rada kaget lan aneh, apa bener Rudi wingi nemoni kahanan kaya ngono.
“Ora sepele lho mas, nek ra melu ujian rak ya wis cetha yen aku bakal ora lulus mata kuliah siji kuwi.”
“Alah ya dibaleni taun ngarep, gampang ta!” Sarane Mas Adhit.
“La piye mas nek aku oleh biji D, IP ku bakal mudun akeh, aku bisa kelangan beasiswaku. Sampeyan ngerti dhewe aku bisa kuliah ki ya merga beasiswa j. mulane aku melu organisasi barang ki gawe nilai plus. Yen ora oleh beasiswa meneh piye jal? ”Rudi ijih ngresula.
Ora mesakake nanging Mas Adhit malang nguyu “he..he..he..kowe ki Di, biji urung metu wis mikir adoh tekan ngendi-endi! Yen ngono mengko kok temoni dosene, dijak rembugan apik-apik, sapa ngerti dheweke bisa ngei kowe kesempatan.”
“Thithit…thithit…”ana swara HP jadul, katrok sik wis ketinggalan jaman, medhotake obrolane Rudi lan Mas Adhit. Jebul HPne Rudi sik muni, ana sms mlebu. “Tulisane satu pesan diterima”, mandang dibuka jebul sms saka Bambang, kanca kelase Rudi. Rudi deleng smse, diwaca nanging mung dibatin.
Rudi kaget, “Lho kok bisa! Wadhuh piye ta iki jan-jane!” Rudi bingung banjur dibaleni anggone maca sms saka Bambang mau kanthi seru. “Di, ujian Sastra Jawa Pak Narto dina iki jam sanga pindhah ing ruang PLU.101.” dheweke malah sansaya bingung.
Mas Adhit malah mung guyu weruh tingkahe Rudi, banjur ngandhani, “ha..ha..ha..piye ta Di, coba ditiliki dhisik jadwal kuliahmu, saiki dina apa, Kemis ta!”
Rudi mlebu kamare, banjur niliki jadwal kuliah sing ditempel ing tembok. Ing kana tinulis jadwal kuliah dina Kemis Sastra Jawa jam sanga.
“We!” Rudi kaget baget, dheweke gumun campur bingung, “La aku wing wis mangkat kuliah Pak Narto, malah disenen-seneni ra oleh melu ujian ta!” Rudi mikir sedela banjur baleni ndeleg jadwal. “saiki bener dina kemis ta mas?” Rudi takon karo mas Adhit. “ya bener!” wangsulane.
“La dalah jane sapa sik kliru, apa aku wingi salah jadwal, apa malah Pak Narto sik kleru, ora, iki mesthi ana sik kleru, nanging apa ya mas ya?”Rudi mikir sinambi ngukur rambute.
“Ya mbuh” Mas Adhit jawab entheng, nyambi cekikikan banjur jelaske “Selasa wingi kowe ana acara ning BEM tekan rebo esuk to! Mandang tekan kos kowe lansung tepar digugah bocah-bocah ra tangi, malah nglindur nyambi mencak-mencak! anggonmu turu tekan esuk meneh, ra kelingan ta kowe?”
Rudi rada ra percaya “trus Pak Narto nyeneni aku kapan?”
Mas Adhit tambah ngakak “ha..ha..ha.. yo ning ngimpimu kuwi le.. le..!”
Rudi nyadhar, tibane mung mesem, isin campur seneng amarga pikirane sik wis tekan adoh mau urung dadi kasunyatan, ijih bisa diubah yen rudi melu ujian dina iki. Bocah loro mau padha guyu ngakak nganti kanca-kanca kos liane padha nyedhak, melu gabung, banjur melu kepingkel-pingkel barang dicritani kadadean sik wis dilakoni Rudi.
Ora krasa wis jam sanga awan, “Di jam pira iki aku arep adus j?” ana kancane sing takon, Rudi ngijen jam ing kamare saka cendela. “We, jam sanga, waduh telat ki!” tanpa mikir dawa, Rudi mlebu kamar, nyaut tas, nganggo sepatu, banjur nggenjling mangkat ning kampus ora sadhar yen dheweke urung adus, rambute awul-awulan, malah ijih kaosan lan ngganggo sarung. Sik ana ing pikirane mung ben ora diusir saka kelas lan bisa melu ujian.
“He…! Di, salin sik! ” Kanca-kanca kos sik padha nyelukake ora digubris, mbuh ora krungu apa selak kesesane, Rudi numpak onthele kanthi semangat kaya arep perang. Bocah-bocah kos mung padha cekakaan ndeleng tingkahe Rudi sing ngaku aktivis sejati mau menyang kampus nganggo sarung. Hehehe…
Tiwi

Langganan:
Postingan (Atom)